Menyang kontèn

Ula tambang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ular Tambang
Ular tambang, Dendrelaphis pictus
dari Darmaga, Bogor
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Reptilia
Ordho: Squamata
Subordho: Serpentes
Famili: Colubridae
Génus: Dendrelaphis
Spésies: D. pictus
Jeneng binomial
Dendrelaphis pictus
(Gmelin, 1789)
Sinonim

Dendrophis pictus

Ula tambang (Dendrelaphis pictus) ya iku sajinis ula cilik saka suku Colubridae. Lumrahé, ula iki uga karan kanti jeneng ula tali, ula tampar utawa ula tlampar (tampar utawa tlampar, tali). Ing laladan Toraja ula iki dijenengi duwata utawa ule lewora.[1] sajeroning basa Inggris dikenal minangka Gmelin’s Bronzeback utawa Painted Bronzeback, ngrujuk ing warna-wernané kang jelas lan apik (pictus, painted, = kaya lukisan). Ula tambang nyebar wiwit saka India nganti marang Asia Tenggara, kalebu Kepuloan Nusantara ing wétan nganti Maluku.

Pengenalan

[besut | besut sumber]

Ula kang gering lan ramping, dawa ngati kira-kira 1,5 m; sanajan ing lumrahé kurang saka iku. Buntuté dawa, nganti seperteluné saka dawa awak sekabèané.[2]

Coklat zaitun kaya logam perunggu ing pérangan gegeré. Ing kabèh pérangan ngisor awak ana pita tipis kuning terang keputihan, dipisahaké saka sisik ventral (weteng) kang sewarna déning salah sijiné garis ireng tipis dawa nganti pucuk buntuté. Ndas kecoklatan perunggu ing pérangan nduwur, lan kuning terang ing lambé lan janggut; ditengahi déning corèt ireng wiwit saka pipi kang ngléwati mata lan ambyar ing pelipis mburi, banjur pecah dadi noktah-noktah kang gedhé lan burem ing gulu pérangan mburi. Ana warna-warna bintik-bintik ijo terang kebiruan ing pérangan gulu nganti awak pérangan rai, kang racaké umpetan ing ngisor sisik-sisik ireng utawa perunggu lan kétok jelas yèn ula ngrasa kaancem. Sisik-sisik ventral putih kekuningan utawa keijoan.[2][3]

Sisik vertebrale kang selot gedhé

Sisik-sisik dorsal sajeroning 15 dèrèt ing pérangan tengah awak; sisik-sisik vertebral selot gedhé, nanging ora luwih gedhé saka derèt sisik dorsal kang pertama (paling ngisor). Perisai labial 9 iji (langka 8 utawa 10), kang no 5 dan 6 (kadang-kadang uga kang no 4) ngemèk mata. Sisik-sisik ventral 167–200 iji, sisik anal sepasang, sisik-sisik subkaudal (ngisor buntut) 127–164 iji.[3]

Mata gedhi, diamèteré padha dawa karo dohé marang bolongan irung. Anak mata bunder ireng; perisai preokular siji lan postokular rong iji. Perisai rostral amba, katon saka pérangan nduwur; perisai internasal padha dawané utawa rodok cendak saka perisai prefrontal; perisai frontal padha dawané karo jarake marang pucuuk moncongé, nanging luwih cendak saka perisai parietal; perisai loreal dawa. Perisai temporal kasusun 2 2, 1 1 utawa 1 2.[1] Ilate wernane abang.

Kebiasaan

[besut | besut sumber]
Ilate wernané abang

Ula kang urip ing wit, nanging kerep uga mudun ing lemah kanggo golèk mangsa kodok utawa kadal kang dadi menu mligi. Uga kerep katon nggelung ing semak-semak utawa njalar ing antarané suket-suket kang dhuwur.

Ula tambang manggoni alas-alas ing dataran éndèk lan pagunungan nganti keduwuran punjul 1350 m. Ular iki nyenengi laladan-laladan terbuka, pinggiran alas, kebon, wanatani campuran, belukar lan pinggir sawah.[4] Kerep uga tinemu ngrambat ing pager tuwuhan ing pekarangan, lan kanti rikat lan gesit lumaku ing sela-selané godhong lan satang kanggo ngindari manungsa.

Anak jinis

[besut | besut sumber]
Sisik-sisik ventral kang berlunas lan bertakik, gampangaké kanggo mènèk wit

Dendrelaphis pictus duwé anak anak jinis. Ing antarané[4]:

Pira-pira paneliti nganggep yèn anak jinis intermedius ya iku sinonim saka inornatus.[4]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b Rooij, N. de. 1917. The Reptiles of Indo Australian Archipelago. II. Ophidia. E.J. Brill, Leiden. p. 58-60
  2. a b Stuebing, R.B. & R.F. Inger. 1999. A Field Guide to The Snakes of Borneo. Natural History Publications (Borneo). Kota Kinabalu. p. 140-141. ISBN 983-812-031-6
  3. a b Tweedie, M.W.F. 1983. The Snakes of Malaya. The Singapore National Printers. Singapore. p.63.
  4. a b c David, P and G. Vogel. 1996. The Snakes of Sumatra. An annotated checklist and key with natural history. Edition Chimaira. Frankfurt. p.76-78. ISBN 3-930612-08-9