Surat Muhammad
Muhammad | |
---|---|
| |
Informasi | |
Makna | Muhammad. |
Nami sanès | al-Qital (Peperangan) |
Klasifikasi | Madaniyah |
Surat ka | 47 |
Juz | Juz 26 |
Statistik | |
Gunggung ruku' | 4 ruku |
Gunggung ayat | 38 ayat |
Surat Muhammad (basa Arab: محمّد) ya iku surat kaping 47 ing Al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Madaniyah kang dumadi saka 38 ayat. Jeneng Muhammad minangka jeneng surat iki kajupuk saka ngendikane Muhammad kang ana ing ayat 2 surat iki.
Ing ayat 1, 2 lan 3 surat iki, Allah mbandhingake asil kang diéntukake déning wong-wong kang ora percaya karo apa kang diwenenhake marang Nabi Muhammadlan asil kang diéntukake déning wong-wong kang percaya karo dhèwèké. Wong-wong kang percaya karo apa kang digawa déning Muhammad, ya iku wong-wong kang duwé iman lan manut karo kang hak, amale katampa déning Allah, disepura kabèh salahe. Déné wong-wong kang ora percaya karo Nabi Muhammadya iku wong-wong kang mèlu ksbatilan, amal ibadahe ora katampa, dosane ora disepura, lan bakalan kena azab ing donya lan ing akherat.
Surat iki uga dijenengake Al-Qital kang tegesé peperangan, amarga sapérangan akèh surah iki nyritakake peperangan lan pokok-pokok hukuman, sarta kepriye kudune tumindake wong-wong mukmin marang wong-wong kafir.
Pokok-Pokok Isi
[besut | besut sumber]- Keimanan
- Wong kang mati syahid bakalan lumebu suwarga
- Piwalesan ing akherat kanggo wong-wong kang takwa lan wong-wong kang durhaka
- Keesaan Allah.
- Hukum-ukum
- Mateni mungsuh nalika perang arep diwiwiti (sadurungé tandha-tandha-tandha-tandha kemenangan)
- Nyulik sakabehing nalika arep katon tandha-tandha-tandha-tandha kemenangan
- Mbebasake tawanan iku kanthi nrima tebusan utawa ora
- Ora éntuk ngajak damai yèn arep nyata kemenangan.
- Liyane
Transliterasi lan tapsir (ayat 1 nganti ayat 3)
[besut | besut sumber]- Al-Ladhīna Kafarū Wa Şaddū `An Sabīli Allāhi 'Ađalla 'A`mālahum.: Wong-wong kang kafir sarta ngalangi (awaké dhéwé lan wong liya) saka dalan Allah, Allah sia-siakaké kabèh amalé.
- Wa Al-Ladhīna 'Āmanū Wa `Amilū Aş-Şāliĥāti Wa 'Āmanū Bimā Nuzzila `Alaá Muĥammadin Wa Huwa Al-Ĥaqqu Min Rabbihim Kaffara `Anhum Sayyi'ātihim Wa 'Aşlaĥa Bālahum.: Lan (suwaliké) wong-wong kang iman lan ngayahi amal kang solèh sarta iman marang Kuran kang diudhunaké marang Muhammad (s.a.w) - kang ya iku bebenar saka Gustiné, - Allah ngampuni dosa-dosané, lan agawé jaya kahanané (ing donya lan ing akhirat).
- Dhālika Bi'anna Al-Ladhīna Kafarū Attaba`ū Al-Bāţila Wa 'Anna Al-Ladhīna 'Āmanū Attaba`ū Al-Ĥaqqa Min Rabbihim Kadhālika Yađribu Allāhu Lilnnāsi 'Amthālahum.: Lumakuné kang mangkono mau, amarga sakbeneré wong-wong kang kafir nuurut prakara kang salah, lan sakbeneré wong-wong kang iman nurut prakara kang bener saka Gustiné. Mangkono mau Allah nerangaké marang umat manungsa ngenani sipat lan akibat gawané dhéwé-dhéwé (pendhak).
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Rungokna Archived 2010-05-21 at the Wayback Machine.
Wikisumber gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan |
Surat Sadurungė: Surat Al Ahqaf |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Fath |
Surat 47 |
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |