Menyang kontèn

William Shakespeare

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Shakespeare)
William Shakespeare
Lukisan Chandos Portrait, abad kaping 17
LairStratford-upon-Avon, Inggris
Dibaptis26 April 1564
Pati23 April 1616 (umur 52)
Stratford-upon-Avon, Inggris
Pakaryan
  • Panulis sandhiwara
  • pujangga
  • juru paraga
Taun aktifu. 1585–1613
Kala
ObahanRenaisans Inggris
BojoAnne Hathaway (o. 1582)
Anak
Wong tuwa

William Shakespeare (dibaptis 26 April 1564-23 April miturut tarikh Kalendher Julius utawa 3 Mèi 1616 miturut tarikh Kalendher Grégorius), inggih punika salah satunggaling panulis sandhiwara, pujangga, miwah juru paraga saking Inggris ingkang kagungan wibawa ageng ing jagad sastra basa Inggris lan dipunanggep dramawan ageng ingkang tanpa tanding.[1][2][3] Panjenenganipun kerep dipunsebat minangka pujangga nasional Inggris lan "Bard of Avon" utawi kanthi sesinglon "The Bard". Karyanipun ingkang sampun dipunserat, kalebet kerjasama kaliyan sanesipun, ngemot kinten-kinten 39 sandhiwara, 154 soneta, telung puisi naratif dawa, lan sawetawis puisi sanesipun, ingkang sawetawisipun gadhah panganggit ingkang dereng masthi. Sandhiwaranipun sampun kapratelakaken dhumateng saben basa utama ingkang gesang lan dipuntedahaken langkung kathah tinimbang sandhiwara saking panganggit sanesipun.[4]

Shakespeare tetap dados panulis ingkang ageng pengaruhingipun wonten sastra basa Inggris, lan karyanipun teras dipunajari lan dipuninterpretasi malih. Shakespeare lair lan mbabar wonten ing Stratford-upon-Avon, Warwickshire. Wonten ing yuswa 18 taun, piyambakipun krama kalih Anne Hathaway, ingkang sakingipun gadhah putra telu: Susanna, lan kembaran Hamnet miwah Judith. Ing antawising taun 1585 tumekaning 1592, piyambakipun ngawiti karir ingkang sukses wonten ing London minangka juru paraga, panganggit, miwah sesarengan pemilik (sharer) saking perusahaan sandhiwara ingkang sinebat Lord Chamberlain's Men, ingkang salajengipun dados King's Men. Wonten ing yuswa 49 taun (kinten-kinten taun 1613), piyambakipun katingal sampun pensiun lan wangsul dhateng Stratford, ing ngriku piyambakipun tilar donya tiga taun salajengipun. Rikala-rikala ingkang dipuncathet ngenani gesang pribadinipun Shakespeare boten kathah, punika ngundang spekulasi ageng babagan kados pundi rupinipun, seksualitasipun, kapercayan agaminipun, lan punapa karyanipun ingkang dipunatributaken dhateng piyambakipun pancen kasusun dening piyambakipun utawi sanesipun.

Panjenenganipun ngrembag kathahing karyanipun ingkang misuwur antawisipun taun 1589 ngantos 1613.[5][6] Sandhiwara ingkang kapisanipun umumipun sandhiwara komedi lan sejarah, lan dipunkondhangaken minangka karya ageng wonten ing genre wau. Sasampunipun, piyambakipun nyerat sandhiwara tragèdi ngantos taun 1608, ing antawisingipun wonten "Hamlet", "Romeo lan Juliet", "Othello", "King Lear", lan "Macbeth", ingkang sami dipunanggep minangka karya ageng wonten sastra basa Inggris.[1][2][3] Ing fase pungkasan gesangipun, piyambakipun nulis tragikomedi (uga dipunwastani romansa) lan kolaborasi kaliyan panganggit sandhiwara sanesipun.

  • Bevington, David (2002). Shakespeare. Oxford: Blackwell. ISBN 978-0-631-22719-9. OCLC 49261061.
  • Chambers, E.K. (1930a). William Shakespeare: A Study of Facts and Problems. Vol. 1. Oxford: Clarendon Press. ISBN 978-0-19-811774-2. OCLC 353406.
  • Craig, Leon Harold (2003). Of Philosophers and Kings: Political Philosophy in Shakespeare's Macbeth and King Lear. Toronto: University of Toronto Press. ISBN 978-0-8020-8605-1. OCLC 958558871.
  • Greenblatt, Stephen (2005). Will in the World: How Shakespeare Became Shakespeare. London: Pimlico. ISBN 978-0-7126-0098-9. OCLC 57750725.
  • Taylor, Gary (1987). William Shakespeare: A Textual Companion. Oxford: Oxford University Press. ISBN 978-0-19-812914-1. OCLC 13526264.
  • Wells, Stanley (1997). Shakespeare: A Life in Drama. New York: W.W. Norton. ISBN 978-0-393-31562-2. OCLC 36867040.

Sitiran

[besut | besut sumber]
  1. a b Greenblatt 2005, kc. 11.
  2. a b Bevington 2002, kc. 1–3.
  3. a b Wells 1997, kc. 399.
  4. Craig 2003, kc. 3.
  5. Chambers 1930a, kc. 270–271.
  6. Taylor 1987, kc. 109–134.