Menyang kontèn

Serak Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Serak Jawa
Tyto alba alba di British Wildlife Centre, Surrey, Inggris
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Strigiformes
Famili: Tytonidae
Subfamili: Tytoninae
Génus: Tyto
Spésies: T. alba
Jeneng binomial
Tyto alba
(Scopoli, 1769)
Sinonim

Strix alba Scopoli, 1769
Strix pratincola Bonaparte, 1838
Tyto delicatula Gould, 1837

Serak Jawa utawa Tyto Alba ya iku manuk kang isih kelebu jinisé manuk beluk.[1] Serak Jawa gampang dititeni rupané maujud jantung, wernane putih lan pinggire soklat.[1] Matane madhep mangarep.[1] Wulune alus, wernane putih, pérangan dhuwure klawu rada padhang lan ana garis kang rada peteng lan totol-totol nyebar ing awake kabèh.[1] Ana tandha kempling ing suwiwi lan gegere.[1] Bagiyan ngisore wernane putih karo totol-totol ireng utawa oa ana.[1] wulu sikile arang-arang.[1] Ndhase gedhé, keker lan mbunder.[1] Iris mata wernane ireng.[1] Cucuke landhep, madhep ngisor, rada putih.[1] Sikile putih rada kuning nganti soklat.[1] Lanang-Wedok gehdene lan wernane arep padha nanging racaké kang wédok awake luwih gedhen 25%.[1]

Manuk Beluk racaké ana ing saben nagara ing donya.[1] Ana ing Indonésia dhéwé, saliyané Tyto Alba kang asalé saka Famili Tytonidae, ana uga génus-génus saka famili Strigiadae, kaya: Otus, Bubo, lan Ninox.[1] Sanajan wis akèh kang dingerteni sadurungé, Tyto Alba nembé dideskripsike taun 1769 déning naturalis saka Italia asmane Giovanni Scopoli. Jeneng spésies alba dipilih amarga wulune putih.[1] jeneng liya saka Tyto alba ya iku: burung hantu muka monyet, burung hantu kerdil, burung hantu emas, burung hantu pérak , burung hantu malam, burung hantu tikus, burung hantu pemekik, burung hantu jerami, lan burung hantu cantik.[1]

Morfologi

[besut | besut sumber]

Awak pérangan ndhuwur wernane klawu padang ana garis-garis rada peteng lan totol-totol pucet kang nyebar ing wulu sakawake.[2] Ing suwiwi lan gegere ana totol-totol lusuh.[2] Bagiyan ngisor wernane putih lan ana kang duwé totol-totol ireng (nanging uga ana jinis kang ora duwé totol-totol ireng).[2] Wulu ing sikil ngisor racaké tipis.[2] Béntuk raine kaya jantung warna putih lan pinggire rada soklat.[2] Iris mata wernane ireng.[2] Werna sikil putih arep nguning nganti soklat.[2]

Gedhene Awak

[besut | besut sumber]

Gedhene awak manuk sig lanang lan wédok arep padha, nanging racaké kang wédok awake luwih gedhé sitik.[2]

Ukurane manuk wédok

Dhawane awak: 34–40 cm[2]

Rentang suwiwi: ± 110 cm[2]

Bobot awak: ± 570 gr[2]

Ukuran manuk lanan

Dhawane awak: 32 – 38 cm[2]

Rentang suwiwi: ± 107 cm[2]

Bobot awak: ± 470 gr[2]

Fisiologi

[besut | besut sumber]

Kemampuan terbang

[besut | besut sumber]

Rikala nggolèk mangsa, Tyto Alba nduwé strategi kang béda karo jinis-jinis manuk predator liyané.[3] Manuk-manuk predator liya, racaké ngandelake mabure kang rikat lan nggawe kaget mangsane.[2] Rikala nggolèk mangsa Tyto Alba ngandelake cara mabur kang tanpa swara lan ngrungokake swara mangasane.[2] Swara amarga obahe suwiwi, dilirihake karo lapisan kaya beludru ing wulu-wulu suwiwine.[2] Kajaba iku, pinggir suwiwine Tyto Alba ana jumbai-jumbai alus kang bisa nglirihake swara suwiwi.[2] Cara mabur kang tanpa swara iki nyebabake mangsa ora bisa krungu obahe Tyto Alba.[1]

Indera penglihatan

[besut | besut sumber]

Mata Tyto Alba peka sanget saéngga bisa ndelok sanajan ana ing petengan.[3] Kanggo ngerteni panggonan mangsane, mata lan pangrungon Tyto Alba kerja bareng-bareng.[3] Mata Tyto Alba panggonane ajeg ing panggonane, madhep mengarep lan ngewenehi pandelengan kang sipate binokuler lan stereoskopik.[3] Panggonan mata kang ajeg duwé kakurangan, mligi kanggo ndeteksi kiwa-tengené.[3] Kanggo nanggulangi kaya ngene, Tyto Alba duwé gulu kang fleksibel saéngga ndase bisa muter 270 derajat.[3] Mata Tyto Alba bisa adhaptasi kang apik kanggo ndelok sanajan panggonane ora padang.[3] Iki bisa dititeni saka ukurane pupil mata kang gedhé lan retina kang kasusun saka sel-sel sensitif kang ngewenehi efek pandelengan monokromatik.[3] Mata Tyto Alba duwé lapisan membran panutup kang bisa dibuka lan ditutup.[2] Obahe buka lan nutup membran iku fungsine kanggo ngresiki mata saka bleduk lan reget kang neplek ing mata.[1]

Indera pendengaran

[besut | besut sumber]

Tyto Alba duwé susunan panggonan kuping kang béda karo liyané, amarga ora simetris utawa dhuwur lan sudute ora padha.[4] Bolongan-bolongan kuping mau dislubungi karo lapisan fleksibel kang kasusun saka wulu-wulu cendhak kaya wulu kang nutupi raine.[4] Lapisan mau fungsie mawa keping pemantul utawa reflektor swara.[4] Sing kaya ngono iku nggawe Tyto Alba nduwé pangrungon kang peka lan sipaté ngarah (direksional) marang sumber swara, saenga Tyto Alba bisa ngerti panggonan mangsane sanajan kahanane peteng ndedet.[4]

Cara Mangan

[besut | besut sumber]

Tyto Alba duwé pakulinan mangan kang béda, gumantung saka gedhene mangsa kang kecekel, Tyto Alba bisa nguntal mangsane wutuh utawa dicacah dadi luwih cilik sadurungen diuntal.[4] Daging lan pérangan kang empuk saka awake bakal dicerna, wulu lan balung ora dicerna banjur dimuntahake manèh wujud pellet.[4]

Reproduksi

[besut | besut sumber]
Tyto alba guttata

Ana panaliten kang nyatakake Tyto Alba duwé sipat Poligami.[5] Manuk lanang siji bisa duwé pasangan punjul siji, kang jarak susohe kurang saka 100 mèter.[5] Pas wayah kawin, manuk lanang mabur ngiteri wit cedhak susoh, karo ngentokake swara kaya koaran.[5] Akeh-akèhé Tyto Alba nggawe susoh ing wit nganti dhuwure 20 mèter.[5] Dhèwèké uga bisa nyusoh ing wangunan tuwa, guwa, lan ceruk sumur.[5] Burung Hantu bisa manak saben taun, gumantung saka cukup orane sumber pangan.[5] Yèn kaanan lingkungane njurung, sapasang Tyto Alba bisa manak ping loro setahun.[5] Ana ing laladan temperata lan sub Artik, mangsa kawin lan manak Tyto Alba kedadeyan rikala mangsa semi.[5] Populasi tikus kang dhuwur bisa ndadèkaké Tyto Alba ngrembaka saya akèh.[5] Ana ing samangsa kawin manuk wédok Tyto Alba bisa ngendhog 3-6 malah ana kang nganti 12 ing rentang rong dina.[5] Werna ndhoge putih lan wujudé bunder lonjong.[5] Dhawane 38–46 mm lan ambané 30-35mm.[5] Ndhog age-age dikremi sawisé diselehke suwéné 30-34 dina.[5] Anakan kang awake luwih gedhé racaké luwih akèh éntuk pakan saka mbokne.[5] Amarga iku, arang banget tinemu kabèh anakan netes ing sasusoh barengan bisa urip, kejaba sumber pakan ing kiwa-tengené kono akèh.[5] Lumrahé, anakan kang paling cilik utawa kang netes paling keri bakal mati dipateni anakan kang luwih tuwa.[5]

Habitat lan Pasebarane

[besut | besut sumber]

Habitat

[besut | besut sumber]

Serak Jawa utawa Tyto Alba racaké ana ing laladan wit-witan, nganti panggonan kang dhuwure 1.600 m dpl.[6] Ing pinran alas, perkebunan, pekarangan nganti taman-taman kutha gedhé.[6] Kerep menclok endep ing wit-witan utawa perdu, karo ngentokake swara saut-sautan karo pasangane.[6] Pisan-pisan mudhun nyamber mangsane.[2] Kerep uga nggolèk mangsa bareng karo anak-anaké. Aktif rikala bengi, nanging kala-kala aktif rikala sore lan pajar.[6] Awan-awan Tyto Alba racaké mung meneng ing bolongan-bolongan wot, guwa, sumur, wangunan-wangunan tuwa.[2]

Ana jinisé Tyto Alba mirunggan, kang bisa manggoni panggonan gaweyan manungsa kang kaya bolongan wit.[6] Susoh gagak lan manuk predator liya kang ditinggal uga bisa dadi pilihan.[6] Sela-selane watu uga dienggoni.[6]

Distribusi populasi

[besut | besut sumber]

Tyto alba iku jinisé manuk kang sumebar nganti sadonya (kosmopolitan).[6] Populasi manuk iki bisa ditemoni ing saben bawana kejaba Antartika, kelebu kabèh wewengkon Australia lan Tasmania.[6] Tyto Alba uga bisa ditemoni ing wewengkon Inggris lan Éropah, lan bisa uga ing Asia Selatan, tenggara lan barat, Afrika lan Wewengkon Amérika Utara.[6] Ing Amérika Selatan, Tyto Alba bisa tinemu ing laladan savana lan kepulonan Oceania kaya kepulonan Galapagos.[6]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Spesies Serak Jawa Archived 2011-09-18 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u ejournal Undip (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
  3. a b c d e f g h KOnservasi Serak Jawa Archived 2013-07-02 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
  4. a b c d e f Tyto alba javanica (Barn Owl) Discussion[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p Serak Jawa (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)
  6. a b c d e f g h i j k Bersahabat Predator Demi Medali Emas Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 17 September 2012)