Pasa (Islam)
|
Pasa (Basa Arab: صوم, transliterasi: Sauwm) iku arti basané nahan. Pasa manut basa yaiku "nahan ing samubarang". Manut istilah agama Islam kang diarani pasa iku nahan mangan, ngombé, lan prakara-prakara kang mbatalaké wiwit wektu fajar nganti srengéngé lingsir.Préntah pasa didhawuhaké déning Allah ana ing Kuran surat Al-Baqarah ayat 183. Pasa minangka salah siji saka limang Rukun Islam. Ana pasa wajib lan pasa sunat, nanging tata carané tetep padha.
Wektu karam pasa yakuwi wektu nalika umat Muslim dipenging utawa dipenggak pasa. Hikmah "karam pasa", yakuwi nalika kabèh wong padha bungah, wong iku ya kudu mèlu mahargya bebarengan.
- Dina Riyaya Idul Fitri (1 Syawal).
- Dina Riyaya Idul Adha (10 Zulhijjah).
- Dina-dina Tasyrik (11, 12, lan 13 Zulhijjah).
Préntah sajeroning Kuran
[besut | besut sumber]Préntah pasa saka Allah kababar sajeroning Kuran surat Al-Baqarah ayat 183.
َيَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Yaa ayyuhaladziina aamanuu kutiba alaikumus siyaamu kamaa kutiba 'alalladziina min qablikum la allakum tataquun' " Hé wong-wong kang duwé iman, wis diwajibaké tumrap awakmu pasa kaya déné kang wis diwajibaké marang umat-umat sadurungé awakmu, muga-muga awakmu dadi wong kang takwa." |
Hikmah Pasa
[besut | besut sumber]Ibadah pasa utawa shaum Ramelan kang diwajibaké Allah marang kabèh mukmin yakuwi ngibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Allah kaya kang kababar ing QS. Al-Baqarah/2: 183. Hikmah ngibadah shaum iku dhéwé yakuwi nglatih manungsa kanggo sabar sajeroning nglakoni urip. Maksudé sabar kang kapacak ing Kuran yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké sajeroning QS. Ali ‘Imran/3: 146.
- Kanggo sinau gladhèn cipta:
- Sinau supaya bisa nguwasani awaké dhéwé.
- Sianu nahan hawa nepsu.
- Latian sabar.
- Kanggo sinau urip ing masarakat
Wong kang pasa ing bakal sinau ngrasaké susah uripé wong kang ora nduwé, luwé, lan sarwa kurang. Saka ngertèni kepriyé uripé wong rekasa bisa nggawé sipat wong kang pasa seneng tulung-tinilung marang sapa waé.
- Kanggo keséhatan
Ing surat [Al-A'Raaf] ayat 31:
Hai anak Adam, pakailah pakaianmu yang indah di setiap (memasuki) masjid, makan dan minumlah, dan janganlah berlebih-lebihan. Sesungguhnya Allah tidak menyukai orang-orang yang berlebih-lebihan
Sacara Aktivitas
[besut | besut sumber]Aji-aji kasabaran (gigih lan ulet) diaplikasèkaké sajeroning urip lan kauripan kanggo tegaké Din Islam.
Jinis-jinis Pasa
[besut | besut sumber]- Pasa kang hukumé wajib.
- Pasa Ramelan: pasa wajib kang dilakoni ing sasi Ramelan/Ramadhan suwene sesasi nutuk.
- Pasa Nazar: pasa amarga janji/nazar babagan kabecikan kang sejatine ora wajib, nanging sawise dinazarake/dijanjekake dadi wajib dilakoni.
- Pasa kifarat utawa dhendha: pasa kanggo ngilangi dosa amarga pakaryane nglanggar larangan kang dikaramake Gusti Allah.
- Pasa kang hukumé sunah
- Pasa 6 dina ing sasi Sawal.
- Pasa Sura: 10 Sura/Muharram.
- Pasa Arafah.
- Pasa Senèn-Kemis.
- Pasa Daud (sadina pasa, sadina ora).
- Pasa saben sasi Qomariyah (yaiku tanggal 13, 14, lan 15).
Sarat wajib pasa
[besut | besut sumber]- Islam.
- Sehat nalare/akale.
- Baligh (diwasa).
- Kuwawa / kuwat pasa.
- Manggon (mukim) ora lagi lelungan / safar.
Syarat sah pasa
[besut | besut sumber]- Niat.
- Islam.
- Mumayiz.
- Suci saka nggarap sari lan nifas.
- Ora pasa ing dina kang ora diolehake pasa.
Rukun pasa
[besut | besut sumber]Wektu karam pasa
[besut | besut sumber]Umat Islam diharamaké pasa ing wektu-wektu iki:
- Dina Riyaya Idul Fitri (1 Syawal).
- Dina Riyaya Idul Adha (10 Zulhijjah).
- Dina-dina Tasyrik (11, 12, dan 13 Zulhijjah)
- Dina Syak (30 Syaban/ruwah)
- Pasa terus-terusan
Bab kang mbatalaké pasa
[besut | besut sumber]Pasa batal yèn;
- Lumebu sawenèh barang (kaya déné sega, banyu, asep rokok lan sapanunggalané kalebu uga mangan lan ngombe) sajeroning gronggongan awak kanthi disengaja.
- Muntah disengaja.
- Saresmi ing wayah awan.
- Metu mani (Istimna' ) kanthi disengaja.
- Haid lan Nifas (nglairaké)
- Ilang akal (édan utawa semaput).
- Murtad (metu saka agama Islam). Saliyane ninggalake perkara-perkara kang mbatalake pasa, wong kang pasa uga kudu nahan awake saka perkara-perkara kang bisa ngilangake ganjarane pasa, yaiku: nesu, ngapusi/cidra lan nyolong, mitenah liyan, adu-adu, ndelok perkara syahwat, nyritakake warta apus apusan lan ala, uga ndeleng wong wadon kanthi syahwat.
Wong kang olèh ora pasa
[besut | besut sumber]Ing ngisor iki wong kang olèh ninggal pasa wajib (pasa Ramelan)
Sing wajib qadha' waé
[besut | besut sumber]Wong-wong kang mau ing ngisor iki, olèh ora pasa, nanging wajib qadha', tegesé wajib ngganti pasané ing dina liya, padha karo cacahé dina kang ditinggalaké. Yaiku:
- Wong kang lara, kang ana pangarep-arep bakal mari.
- Wong kang lelungan adoh (musafir) aora-orané 81 km.
- Wong kang ngandhut, kang kuwatir marang kahanané utawa bayi kang dikandhut.
- Wong kang pinuju nusoni anak, kang kuwatir marang kaanan anaké.
- Wong kang pinuju haid, nglairaké anak lan nifas.
- Wong kang batal pasané amarga sabab kang mbatalaké pasa saliyané saresmi.
Sing ora wajib qadha', nanging wajib fidyah
[besut | besut sumber]Wong-wong ing ngisor iki ora wajib qadha' (ngganti pasa ing dina liya), nanging wajib mbayar fidyah, yaiku mènèhi mangan wong mlarat saben dina kang ora pasa, wujud bahan panganan pokok akèhé 1 mud (576 gram).
- Wong kang lara kang ora ana pagarep-arep bakal mari.
- Wong tuwa kang wis ora kuwat pasa.
Sing wajib qadha' lan Kifarat
[besut | besut sumber]Wong kang mbatalaké pasa wajib kanthi saresmi, wajib mbayar kifarat lan qadha'. Kifarat yaiku mardikakaké hamba sahaya kang mukmin. Yèn ora ana hamba sahaya kang mukmin mula wajib pasa rong sasi maturut-turut (saliyané qadha' ngganti dina kang ditinggalaké), Yèn ora bisa, wajib mènèhi mangan 60 wong mlarat, saben wong 1 mud (576 g) wujud bahan panganan pokok.
Sing luwih utama nalika lelungan
[besut | besut sumber]- Tetep pasa yèn kuwat.
- Buka pasa yèn ora kuwat.
- Milih antara tetep pasa utawa buka pasa.
Tingkatan Pasa
[besut | besut sumber]Imam Abu Hamid al-Ghazali sajeroning bukuné Ihya al-'Ulumuddin wis mérang pasa sajeroning 3 tataran:
- Pasané wong awam (shaum al-'umum): nahan dhiri saka prakara-prakara kang mbatalaké pasa kaya ta mangan lan ngombé.
- Pasané wong mirunggan (shaum al-mirunggan): Saliyané nahan dhiri saka prakara kang mbatalaké pasa uga mèlu pasa saka panca indera lan sakujur badan saka dosa.
- Pasané wong istiméwa, super mirunggan (shaum mirunggan al-mirunggan): Saliyané nahan dhiri saka prakara kang mbatalaké pasa lan uga pasa saka panca indera lan sakujur awak saka dosa uga mèlu pasa 'ati nurani', yaiku ora mikir kadonyan
Pamérangan ing dhuwur mènèhi umat Islam ruwang kanggo mikir lan nelaah ing tingkat endi pasané.
Deleng uga
[besut | besut sumber]Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Kategori Puasa Archived 2012-07-18 at the Wayback Machine.
- Hadis Nabi tentang Puasa Archived 2009-06-22 at the Wayback Machine.
- Ibadah Puasa
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |