Menyang kontèn

Onggi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Onggi

Onggi punika jinising tempayan ingkang dipundamel saking tembikar lan dipunginaken kanggé kapreluan padintenan wonten ing Koréa.[1][2][3] Tiyang Koréa ngginakaken Onggi minangka papan kanggé nyimpen dhaharan tradhisional kados kimchi, jeotgal, kecap asin (ganjang), saos gochujang, doenjang lan sanèsipun.[2] Istilah onggi punika tumuju ing kalih jinis tembikar, ingkang dipunglasir ugi ingkang boten dipunglasir.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Miturut prakiraan Onggi punika gadhah sajarah ingkang sami dawanipun kaliyan jinis dhaharan fermentasi ingkang disimpen wonten ing jeronipun.[3] Boten dipunmangertosi saking kapan Onggi punika wiwit dipundamel, nanging dumugi sapunika onggi taksih dipun-ginakaken déning rakyat Koréa kanggé nyimpen dhaharan fermentasi.[1][3] Nalika jaman Tiga Karajan, teknik anggènipun damel piranti-piranti tembikar punika mekar kanthi rikat amargi dipun-ginakaken kanggé nyimpen dhaharan lan palawija.[3] Pérangan punika saged dipunbuktèkaken saking dhokumèn sajarah lan lukisan.[3] Samguk sagi nyebataken babagan Raja Sinmun saking Karajan Silla ingkang ngirim arak, pasta dangsul lan asinan dhaharan laut minangka bebingah kawinan dhateng ratunipun.[3] Saged dipuntarik dudutan bilih papan kanggé nyimpen dhaharan mau punika onggi.[3] Cathetan sajarah Dinasti Song, Gaoli Dujing nyebataken bilih rakyat Goryeo nyimpen dhaharan lan unjukan ing tempayan ingkang dipunsebat ong lan suong.[3] Manéka seratan lan lukisan ugi paring kathah andharan babagan onggi nalika masa Dinasti Joseon.[3] Ing masa punika, onggi dipun-ginakaken kanggé nyimpen dhaharan lan unjukan ingkang dipundamel ing sapérangan papan kados Mapo lan Noryangjin.[3] Ing buku Imwon Gyeongjeji ingkang dipunserat déning Seo Yu-gu wonten ing pungkasan periode Dinasti Joseon, nyebataken bilih tempayan kanggé nyimpen minuman keras lan dhaharan fermentasi dipunsebat ong utawi eng.[3] Jinis-jinis tempayan sanèsipun punika dipunparingi nama bènten-bènten dhedhasar ukuran lan ginanipun.[3]

Jinis onggi

[besut | besut sumber]

Wonten ing metode pedamelan barang pecah belah korea, kanthi wiyar istilah dojagi (tembikar) tumuju ing pirantos ingkang kadamel saking lemag ingkang dipunbakar lan dipunglasir lajeng dipunpérang malih dados jinis dogi (keramik) lan jagi (porselen).[3] Onggi kalebet ing kategori dogi ingkang dipunbedakaken malih dados chil lan oji.[3] Chil punika jinising onggo ingkang boten dipunglasir.[3] Chil gadhah ciri khas warni klawu peteng ingkang asalipun saking panyerepan kukus nalika prosès pambakaran, permukaaninipun boten mengkilat lan kasar.[1][3] Onggi ingkang dipunglasir dipunsebat oji, ingkang gadhah ciri kados chil dipunlapisi jelaga namung dipunlapisi kaliyan sarem, awu godhong, damèn lan kayu ingkang dipunobong.[1][3] Sarem punika dipunsebat ing tungku nalika temperatur dumugi tingkat tartamtu lan sumub (uwab) ingkang dipunasilaken wonten interaksi kaliyan kimiawi lemah lan kukus saéngga damel lumah glasir ingkang alus lan atos.[1][3]

Keluwihan

[besut | besut sumber]

Onggi boten namung kaginakaken minangka papan kanggé nyimpen, nanging kanggé nambah rasa dhaharan ing jeronipun.[3] Keluwihan onggi punika mapan wonten ing kapasitas panyimpenan, ventilasi, sarta kesagedan anggènipun adhaptasi kaliyan kawontenan iklim.[3] Dhaharan ingkang dipunsimpen wonten ing onggi, kados kimchi lan doenjang raosipun sansaya sé lan langkung seger tinimbang dipunsimpen wonten ing wadhah plastik utawi stainless steel.[3] Onggi gadhah saluran ventilasi ingkang boten katingal saéngga dipunanggep saged napas.[3]

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e Lee Hyoung-kwon (2002). "Lee Hyeon-bae: A Quest for Life-breathing Onggi" (PDF). Koreana. 16 (1): 58–63. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)[pranala mati permanèn]
  2. a b Rha, Sunhwa (2006). Pottery, Korean Traditional Handicrafts. Ewha Woman University Press, Seoul. kc. 11-29. ISBN 89-7300-682-7-04630.
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w Lee Young-ja (1999). "Onggi: Living and Breathing Crockery from the Choson Dynasty" (PDF). Koreana. 13 (4): 66–71. {{cite journal}}: Unknown parameter |month= ignored (pitulung)[pranala mati permanèn]