Menyang kontèn

Nue

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kuniyoshi Utagawa, Taiba (Akhir), 1852. Cithakan ingkang nggambaraken Nue mandhap ing nginggilipun Astana Karajan mawi awan ireng.

Nue (?) inggih punika makluk mitologis wonten ing carita rakyat Jepang [1]. Nue punika dipundamel deksripsi minangka makluk kanthi sirah monyet, kanthi awak tanuki (anjing rakun), mawi suku kaki macan, sarta mawi buntut ula. Miturut legenda, satunggaling Nue saged éwah dados awan ireng lajeng mabur. Amargi tampilanipun, kadang kala Nue dipunsebat minangka khimera Jepang.[2] Nue dipercaya sebagai pembawa lelara dan nasib buruk.[3]

Miturut Riwayat Heike (平家物語 Heike monogatari?), Kaisar Konoe, salah satunggaling Kaisar Jepang punika gerah sasampunipun ngimpi ala saben wengi. Kajawi punika awan ireng medal nalika tabuh kalih subuh wonten ing sanginggilipun Astana Karajan ing Kyoto punika nalika mangsa panas ing taun 1153. Miturut satunggaling, tiyang samurai, Minamoto no Yorimasa menek beluk ireng mau nalika wanci dalu lajeng nembakaken panah marang awan mau. Lajeng nue ingkang sampun mati dhawah saking mriku. Wonten kapitadosan biluhb Yorimasa damel ambles bangkai kasebu ing Laut Jepang.

Wonten ing cariyos tambahan ing versi sanèsipun, bangai nue punika kemampul dumugi ing satunggaling tanjung. Wonten ing mriku para penduduk ngubur nue amargi ajrih bilih pikantuk kutukan. Tumpukan lemah ing celakipun tanjung punika taksih wonten dumugi sapunika lan wonten kapitadosan bilih lemah mau minangka kuburan ingkang dipundamel kanggé nue.[4]

Ètimologi

[besut | besut sumber]

Tembung nue punika medal wonten ing sastra Jepang ingkang tuwa dhéwé. Kutipan ingkang ngandhut punika antawisipun wonten ing Kojiki (712) lan Wamyō Ruijushō (kirang langkung 934). Amargi anggènipun ngginakaken aksara Man'yōgana, wonten ing ejaan kala rumiyin dipunserat nuye. Sanajan makaten, nalika mangsa punika tembung nue mau ngandhut pangertosan semantik ingkang béda. Tembung nue punika ugi mengacudhateng satunggaling jinis peksi ingkang dipunwastani anis putih.

Nalika abad kaping 13, Riwayat Heike ngandhut cathetan babagan maklhuk ingkang dipunwastani nue. Kajawi gadhah sirah monyet, gadhah awak tanuki, sukunipun macan lan gadhah buntut ula piyambakipun gadhah swantun kados anis putih. Kirang langkung nalika taun 1435, Zeami Motokiyo nyerat sekar Noh kanthi irah-irahan Nue ingkang nyariyosaken kisah wonten ing Riwayat Heike.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Literatur, (dipunakses tanggal 7 Fèbruari 2013).
  2. Cavallaro, Dani (2010), Magic as Metaphor in Anime: A Critical Study, McFarland, kc. 88, ISBN 0-7864-4744-3 ("[[Google Books]]". {{cite web}}: URL–wikilink conflict (pitulung))
  3. Rosen, Brenda (2009), The Mythical Creatures Bible: The Definitive Guide to Legendary Beings, Sterling, kc. 107, ISBN 1-4027-6536-3 "[[Google Books]]". {{cite web}}: Cite has empty unknown parameter: |1= (pitulung); URL–wikilink conflict (pitulung)
  4. Obakemono.com (20 Agustus 2006). "Nue: The Obakemono project".