Mekah
Mekah utawa Makkah Al Mukarromah (basa Arab: مكة المكرمة) iku sawijining kutha kang utama ing wewengkon negara Arab Saudi kang dadi papan kang utama kaum muslimin sajeroning nindakake ngibadah haji. Ing Kutha Mekah dumunung sawijining yasan kang utama yaiku Ka'bah kang dadi pathokan kéblat kanggo salat kaum muslimin ing saindhenging jagad sarta prosesi Ibadah haji. Kautaman Kutha Mekah, saliyané panggonan miyose Kanjeng Nabi Muhammad Saw, uga anané Masjidil Haram lan Ka'bah ing sajeroné, kacetha ing sabda Nabi:
- "Salat ing Masjidil Haram bakal antuk ganjaran tikel 100.000 "
Géografi
[besut | besut sumber]
|
Kutha Mekah dumunung watara 600 km sisih kidul kutha Madinah, kurang luwih 200 km lor wetane kutha Jeddah, persisé ing koordinat 21°25′24″N 39°49′24″E / 21.42333°N 39.82333°E. Kutha Mekah wujud sawijining lembah kang ciut lan diubengi déning gunung-gunung lan wewangunan Ka'bah minangka punjeré. Mula, ing jaman biyèn kutha iki ajeg banjir yèn mangsa rendheng. Pungkasané didandani lan direnovasi dening pamrentah Arab Saudi. Kayadéné kutha-kutha ing tlatah Arab liyané, kutha Mekah duwéni iklim ara-ara kang banget panase.
Ékonomi
[besut | besut sumber]Kutha Mekah kaloka minangka kutha dagang, wektu jaman biyèn kaloka dadi jalur dagang antarane Yaman-Mekah-Madinah-Damsyiq (Damaskus) kanthi penghasilan saben mangkate kafilah nganti 600.000 pound. Saliyané kaloka minangka kutha dagang, ékonomi kutha Mekah uga madeg saka tetanèn, ternak, lan jasa kanggo jamaah haji, ing antarané usaha perhotèlan lan penginepan.
Wiyata
[besut | besut sumber]Minangka punjer agama Islam sakliyané kutha Madinah, kutha Mekah nduweni pusat -pusat pendidikan lan pengajaran agama Islam.
Sajarah
[besut | besut sumber]Ngrembakane kutha Mekah magepokan karo kanyatan anané Kanjeng Nabi Ismail as lan Siti Hajar minangka padunung kapisan kutha Mekah kang ditempataké déning Kanjeng Nabi Ibrahim as amarga netepi dhawuhing Allah Swt. Sabanjuré jumedhul wong-wong saka kabilah Jurhum kang manggon ing papan kono. Sabanjuré kutha iki dipanggedhèni déning Suku Quraisy minangka kabilah utawa suku kang utama ing Jazirah Arab amarga nduwéni hak ngrumat Ka'bah. Suku iki misuwur ing babagan dagang malahan nalika wektu iku aktivitas dagangé kaloka nganti tekan Damaskus, Palestina lan Afrika. Tokoh minangka pangageng kabilah Quraisy yaiku Qushay bin Kilab kang diterusaké dening para putrane nganti Abdul Muthalib. Kanjeng Nabi Muhammad Saw iku kalebu tedhak turune Kanjeng Nabi Ismail as sarta Qushay bin Kilab.
Taun 671, Kanjeng Nabi Muhammad miyos ing kutha iki lan tuwuh diwasa. Wektu pisanan dakwah sawise nampa wahyu saka Allah Swt, ajarané ditulak déning kaumé dhéwé kang wektu iku isih ana sajeroning pepetenging pikir (Jahilliyah) saéngga hijrah menyang kutha Madinah. Sawisé Madinah tuwuh ngrembaka, Kanjeng Nabi bali menyang Kutha Mekah manèh kanthi ancas nedya nelukake kutha Mekah tanpa wutah ludira (tanpa perang).
Sakbanjuré Kutha Mekah kapatah déning panguwasane khalifah 4 kang punjeré ing Kutha Madinah, banjur dening khalifah kang wektu iku kuwasa ing Kutha Damaskus ( Dinasti Ummayyah), Baghdad (Dinasti Abbasiyah) lan pungkasané Turki (Usmaniyah) kang nalika iku dipanggedhèni déning Syarif Hussein, nuli didadèkké siji déning Abdul Aziz bin Saud, dadi andhahané papréntahan Arab Saud nganti dina iki minangka abdining kutha suci kaloroné (Mekah lan Madinah).
Kutha-kutha sajeroning Ibadah Haji
[besut | besut sumber]Saliyané Mekah, kutha utawa laladan kang dipigunaaké sajeroning peribadatan haji yaiku Mina, Muzdalifah lan Arafah. Uga ana kutha utawa laladan kang dipigunaaké déning para jemaah haji nalika miwiti haji, antarané Bir Ali utawa Dzulhulaifah kang dumunung ing sanjabaning kutha Madinah dadi pathokan jamaah kang asalé saka Madinah, sarta Qarnul Manazil utawa Yalamlam kanggo jemaah haji kang lumebu saka arah Yaman.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Mekah Archived 2006-08-25 at the Wayback Machine.
Artikel ngenani Islam iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |