Gunung Mekongga
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Gunung Mekongga |
---|
Gunung Mekongga inggih punika salah satunggaling gunung ing kawasan pagunungan Mekongga ingkang mbujur dawa ing sisih lor laladan Kabupatèn Kolaka Provinsi Sulawesi Tenggara, Indonésia.[1] Wonten ing pagunungan Mekongga punika, Gunung Mekongga inggih kalebet gunung ingkang paling inggil ing antawisipun gunung-gunung sanèsipun.[1] Kawasan pagunungan punika kalebet runtutaning pagunungan Verbeck ingkang pucuk-pucukipun saking jinis watu karst dhataran inggil, kanthi pucuk ingkang paling inggil kasebat mosero-sero, dhuwuripun 2.620 mèter saking nginggil laut.[1] Gunung Mekongga inggih kalebet gunung ingkang paling inggil ing Provinsi Sulawesi Tenggara.[2].
Gunung Mekongga ingkang gadhah dhuwur 2.620 mèter saking nginggil toya laut punika, mapan wonten ing Kacamatan Ranteangin, Kabupatèn Kolaka, Provinsi Sulawesi Tenggara, Indonésia. Miturut warga masarakat sakiteripun, tembung Gunung Mekongga tegesipun gunung papan matinipun satunggaling garudha utawi garuda raksasa ingkang dipunpejahi dning pemudha namanipun Tasahea.
Kaanan Fisik
[besut | besut sumber]Gunung Mekongga ingkang kalabet ing wewengkon pagunungan Mekongga punika kalebet pagunungan Karst ingkang ngewrat kathah potensi alam saha kaendahan ingkang saé sanget.[3] Miturut cathatan geografisipun, wewengkon pagunungan punika maujud saking atol ingkang kaangkat ing sekiter atusan taun rumiyin. Prosès punika ingkang salajengipun dadosaken medalipun kawasan karst dataran inggil ingkang éndah punika. Fenomena kados makaten ingkang salajengipun paring papan kanggé flora saha fauna khas dados biota endemic ingkang namung wonten ing papan punika, ing antawisipun inggih Anoa dataran inggil ingkang dados kéwan endemic ing Sulawesi, Rangkong inggih punika salah satunggaling jinis manuk endemic Sulawesi, Tarsius, saha flora-flora ingkang éndah, sapérangan ageng jinis kembang anggrek ugi sagedipun panggihaken ing jalur dhaki punika, kados ta anggrek tanah Sorumeh kanthi manéka warna wernanipun ingkang dados titikan ingkang khas wilayan Sulawesi Tenggara, saha anggrek ingkang nemplek ing wit-witan.
Jalur Dhaki
[besut | besut sumber]Saking Makasar saged dugi ing Kendari lajeng nerasaken mlampah dhateng kutha kabupatèn Kolaka medal jalur dharat ngantos désa ingkang kaping pungkasan utawi base camp ingkang dados titik wiwitanipun anggènipun ndhaki. Désa Pungkasan punika inggih Désa Tinukari ingkang mapan wonten ing sisih kilèn radi kidul Kota Kendari tebihipun kirang langkung 300 km. Désa Tinukari punika dipundadosaken papan tilaripun suku Tolaki Mekongga. Saking désa punka lajeng kedah mlampah liwat margi setapak ing kebon coklat. Ing sadangunipun margi badhé kapanggih kali Aala Mosembo saha Aala Tinukati minangka camp 1. Wekdal ingkang dipunbetahaken dhateng camp 1 punika namung kirang langkung 2,5 jam.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c Gunung Mekongga (dipunundhuh tanggal 5 Novèmber 2012)
- ↑ Kendaripos:HPI akan tertibkan pemandu wisata di Sultra(dipunundhuh tanggal 5 Novèmber 2012)
- ↑ [1] Archived 2012-02-02 at the Wayback Machine. Never Stop Exploration..Gunung Mekongga Kolaka Utara-Sultra… (dipunundhuh tanggal 14 Januari 2013)