Dat wesi
Dat wesi utawa zat besi ing basa Indonésia (Fe) ya iku salah sawijiné zat ing jero awak manungsa kang ana gegayutané karo anané getih kang diprelokaké awak.[1] Zat Besi kalebu mineral mikro kang paling akèh ana ing jero awak manungsa, ya iku gunggungé 3-5 gram ing jero awak manungsa diwasa.[2] Zat besi duwé sawatara mupangat kang wigati kanggo awak, ya iku dadi piranti angkut oksigèn saka paru-paru tumuju jaringan awak, dadi piranti angkut èlèktron ing jero sèl, lan dadi péranganing manéka réaksi enzim ing jero jaringan awak.[2]
Kabutuhan
[besut | besut sumber]Wong diwasa kang boboté 75 kg ngandhut kurang luwih 4000 mg zat besi, déne wong wadon diwasa kang boboté 55 kg ngandhut zat besi kurang luwih 2100 mg.[3] Wong lanang nduwé sèrepan zat besi ing jero limpa lan sungsum balaung.[3] Suwaliké, wong wadon mung nduwé sèrepan zat besi 0–300 mg saéngga gampang kena anemia, apamanèh nalika umur subur menstruasi.[3]
Kabutuhan zat besi gumantung jinis kelamin lan umur.[1] Kacukupan kang apik kanggo bocah umur 2-6 taun ya iku 4,7 mg/dina, mumur 6-12 taun 7,8 mg/dina, wong lanang umur 12-16 taun 12,1 mg/dina, perawan 12-16 taun 21,4 mg/dina, lan wong wadon kang isih nyusoni ya iku 8,7 mg/dina.[1] Gunggungé kacukupan zat besi iki diitung adhédhasar sumadyané hayati saka sumber nabati kanthi kasedyan hayati 2-3% lan sumber hewani kanthi kasdyan hayati 20-23%.[4] Kanggo ngundhakaké kasedyan hayati, zat besi kang asalé saka tetuwuhan bisa ditambah karo vitamin C lan asem organik liyané.[4]
Mupangat Zat Besi
[besut | besut sumber]Ing jero awak, fungsi utama zat besi ya iku ing prodhuksi komponèn kang nggawa oksigèn ya iku hemoglobin lan mioglobin.[5] Hemoglobin ana ing jero sèl getih abang (eritrosit) lan minangka protéin kang fungsiné ngangkud oksigèn tumuju manéka jaringan-jaringan awak, déné mioglobin ana ing sèl otot kang fungsiné kanggo nyimpen lan nyebaraké oksigèn tumuju sèl-sèl otot.[5] Kajaba kanggo ngasilaké hemoglobin lan mioglobin, zat besi uga bisa kasimpen ing protéin feritin, hemosidirin ing jero ati, lan ing jero sungsum balung buri.[5]
Zat Besi ing Panganan
[besut | besut sumber]Zat besi akèh kaandhut ing jero bahan panganan saka kéwan mligi daging, endhog, lan iwak.[5] Zat besi uga ana ing jinis kacang-kacangan kaya kedhelé lan kacang ijo, manéka jinis sayuran lan woh-wohan.[5] Zat besi kang asalé saka kéwan diarani besi-hem lan gampang diserep awak. Déné zat besi kang asalé saka tetuwuhan diarani besi-nonhem lan luwih angèl diserep déning awak.[5]
Sumber zat besi (saben 100 gr)
- Daging 2,2-5
- Iwak 1,2-4
- Telur 1.2-1,5
- Kacang ijo 6
- Kacang Kedhelé 15.7
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c Garrow JS dan James WPT. 1993. Human Nutrition and Dietetics, Ninth Edition. Edinburgh: Churchill Livingstone. Page 174-180.
- ↑ a b Pengertian Zat Besi Archived 2012-05-02 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Oktober 2012)
- ↑ a b c Kegunaan Zat Besi Archived 2012-10-17 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 Oktober 2012)
- ↑ a b Drummond KE dan Brefere LM. Nutrition for Foodservice and Culinary Professional’s, Seventh Edition. New Jersey: John Wiley & Sons. Page 241-244.
- ↑ a b c d e f Fungsi dan Kandungan Zat Besi[pranala mati permanèn](diundhuh 24 Oktober 2012)