Menyang kontèn

Basukesti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Prabu Basukesthi iku narendra ing Wiratha. Garwa prameswarine 2, yaiku Dewi Pancawati lan Dewi Sugandi. Patihe aran Patih Wakeswara. Senapatining wadyabala aran Arya Hawangga. Paraga iki arang kocap ing pakeliran, kocape mung ing lakon laire Gareng lan Petruk.

Critane: Prabu Basukesthi miyos siniwaka, diadhep Patih Wakiswara, Arya Hawangga, lan wadyabala. Ngrembug tata raharjaning praja.

Ora antara suwe, katungka sowane Raden Manonbawa lan Raden Paridarma saka negara Gandara. Sawise ngaturake bulubekti lan raharjaning praja, banjur nyaosake kabar yen ing laladan pesisiran kambah buta saka tanah sabrang kang nggawe kisruh. Sang prabu banjur dhawuh marang patih lan wadyabala supaya mbuktekake kanthi sikep siyaganing perang.

Kacarita ing praja Nusasardula, Prabu Kala Singarudra kaadhep putrane 2, yaiku Kala Singanebak lan Kala Singasinga, Patih Sardulayaksa lan wadya buta pepak, ngrembug bab anggone nggelar jajahan, nelukake para raja.

Prabu Singarudra banjur utusan putrane 2 kang sekti mandraguna. Putra 2 matur sendika banjur budhal.

Sapungkure Kala Singanebak lan Kala Singasinga, Prabu Singarudra nimbali Ditya Parangbarong supaya ngawat awati putrane sakloron, nganti wadyabala.

Ing Pertapan Saptaharga, Resi Manumayasa lenggah ing pacrabakan, diadhep Semar, Bagong, para cantrik, lan magersari, nampa sowane Puthut Supalawa kang isih turase Bathara Bayu. Ngrembug babagan tetanen ing sawah lan pategalan. Sang resi banjur tindak menyang sawah kadherekake Semar lan Bagong, dene Puthut Supalawa kedhawuhan njaga pertapan.

Ing tengah dalan, kepapag wadya buta saka Nusasardula. Sawise perang, wadya buta tumpes tapis. Togog lan Bilung lumayu atur palapuran marang Kala Singanebak lan Kala Singasinga yen wadya buta tumpes tapis mungsuh Resi Manumayasa.

Kala Singanebak lan Kala Singasinga nesu banget, nuli goleki Resi Manumayasa. Sawise ketemu, dadi perang. Sang resi kalah perange, banjur lumayu menyang pertapan dioyak buta 2.

Sawise tekan lan crita kahanane marang Puthut Supalawa, Puthut Supalawa banjur atur priksa, yen ing pinggire Sendhang Pawitra, ing ereng-erenge Wukir Retawu, ana wit garu kang wis anggegregi saiki kari dhangkele lan ambune wangi. Manut wecaning Bathara Bayu, menawa Wukir Retawu ketaman bebaya, dhangkel kayu garu mau bisa mrantasi gawe. Semar enggal mbedhol dhangkel kayu garu, dimantrani satemah dadi manungsa, nanging sarwa kuciwa. Dijenengi Nala Gareng (nala:ati, gareng:garu ing, dadi tegese manahing/ atining kayu garu. Gareng banjur maju mungsuh Kala Singanebak lan Kala Singasinga, rame banget perange. Banjur buta loro iku bisa disirnakake Gareng. Gareng banjur diaku putra Semar, luwih tuwa tinimbang Bagong, amarga Bagong isih mbocahi.

Nalika Prabu Kala Singarudra nglurugi Wiratha, wadya Wiratha kalah perange. Prabu Basukesthi linggar saka praja bareng patihe. Ing dalan ketemu Puthut Supalawa, dijaluki pitulung sang prabu.

Sawise sarujuk, Puthut Supalawa banjur perang rame mungsuh Prabu Kala Singarudra lan Patih Sardulayaksa. Wusana, ratu lan patihe bisa disirnakake Puthut Supalawa.