Dirk van Hogendorp
Diderik "Dirk" graaf van Hogendorp (lair ing Heenvliet, Bernisse, 13 Oktober 1761 – pati ing Rio de Janeiro, 29 Oktober 1822 ing umur 61 taun) ya iku jenderal lan nagarawan Walanda.[1][2] Dirk ya iku kangmas saka Gijsbert Karel van Hogendorp lan dadi bapak saka Carel Sirardus Willem van Hogendorp.[1] Dhèwèké dinas sasuwéné 9 taun ana ing Angkatan Darat Prusia.[1] Nalika taun 1783, Dirk dinas ana ing Kelaksamanaan Amsterdam dadi kapten letnan ana sangisore Jacob Pieter van Braam menyang Hindia-Walanda, lan nyetak 'jasa' amarga aksine ana ing Kepolauan Riau lan Sulawesi.[1] Sawisé iku, dhèwèké banjur njabat dadi residen ana ing Patna (Benggala), banjur ana ing Jepara.[1] Dhèwèké uga tau dadi bakul kang sukses ana ing Surabaya lan uga dadi punggawa nagari ing Tapal Kuda.[1] Nalika taun 1798, amarga kritike kang pedes marang gaya kolonialisme Walanda, Dhèwèké banjur ditahan, nanging dhèwèké lumayu saka pakunjaran ing nagarané nalika taun 1799.[2] Nalika taun 1803, Dhèwèké lunga dadi duta menyang Sanit Peterburg, lan 2 taun sawisé iku lunga manèh menyang Walanda.[2] Taun 1806, Dirk diangkat dadi mantri perang ana ing sangisore pimpinan Raja Louis Bonaparte, lan ana ing taun 1807 dhèwèké diangkat dadi duta besar ing Kutha Wina, Banjur ing Kutha Berlin nalika taun 1809, lan nalika taun 1810 ana ing Kutha Madrid.[2] Sawisé aneksasi Walanda nalika taun 1811, Dirk banjur dadi jenderal divisi lan ajudan kaisar ing Angkatan Darat Perancis, taun 1812dadi Gubernur Vilnius, banjur ana ing Hamburg taun 1813, amarga wateke kang ora nyenengake.[2] Sawisé Napoleon kalah, dhèwèké banjur ditarik manèh menyang Walanda, nanging sawisé iku diaktifke manèh ana iong Dinas Napoleon.[2] Sawisé kalah ana ing Pertempuran Waterloo, Dirk dibebes tugasake lan kanthi nganggo kapal dhèwèké lunga menyang Amérika Selatan banjur mati ana ing nagara Brasil.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |